mata kertas : monggo kita sami sinau gesang ....

 ...............

" sing durung teko entenono 

   sing wis ono sukurono 

   sing wis lungo lalekno 

   sing wis ilang ikhlasno "

    - Pitutur luhur Jawa -

............

sejatosipun margi gesang puniko

saged dados piwulang 

ingkang aji , 

kagem ngiringaken lampah kita

dados priyantun ingkang wicaksono


kanthi wening ing penggalih

monggo kita sami sinau gesang 

setiti , ngati-ati

tansah caos pakurmatan dumateng sesami


Mugi Gusti Pangeran 

ingkang Maha Agung 

kerso paring berkah kawicaksanan

ugi berkah pengayoman

dumateng kita sedaya ....

.........

Postingan Populer